Tuesday, October 30, 2018

Cerkak XII IPA 1 'Iklam Jitu Tekan Koran'

“Iklan Jitu Tekan Koran”
DENING:Rezky Passiuola
      Dinten minggu tanggal 14 Oktober 2018.Dini tuku Koran nang bakul Koran kanggo delok halaman iklan jitu.Dini angger minggu tuku Koran kanggo delok-delok berita lan kanggo golek-golek kerjaan.Soal e Dini wis ngganggur 4tahun.Dini molak-malik Koran e nganthi pas halaman 27,Dini masi nang duwur Koran e ana tulisan “DIBUTUHAKEN SEKERTARIS KANGGE PERUSAHAAN KARTON ING SURABAYA”.Pas maca tulisan iku Dini merasa tertarik daftar dadi sekertaris.Pas delok persyaratan e,yaiku:usia paling tuwa 25tahun,pendidikan terakhir minimal SMA,lajang,lan gelem kerja keras.Dini ngerasa awk e dewe layak banget mergawe nang kana.
      Sesok e Dini menyang nang omahe kancane jenenge Dina kanggo nakoki pendapat e Dina.“Na,wingi aku delok lowongan kerja.”omonge Dini,“Lha emang lowongan opo?sales?”jawab e Dina,“Ngenyekmu.Lowongan kerja dadi sekertaris nang perusahaan to Na.”,“Kowe abe dadi sekertaris perusahaan?”takon e dina karo kaget,“Iyo to,emang e kenapa?we raseneng to soal e we kur dadi sales?”jawab e Dina karo sengak.“ora ngunu maksudku,Tapi aku yo rangandeae.Masa kur lulusan SMA.”jawab e Dina.“Alah,yowes,aku tak mulih ae.We kok raseneneng delok kancanane sukses.”jawab e Dina karo nutup pintu lan langsung mulih.Selama nang duwur e motor,Dina grutu ae.”Jiangkrik opo yo Dina ki,ra seneng nek delok kancane sukses’.
       Sak wis e tekan omah ,Dini langsung nulis surat lamaran kerja nang kertas folio bergaris sing standard nasional.Tulisan e Dini sing asline rapatek apik perkoro gawe surat lamaran kerja langsung diapik-apik I poll.Sak wis e Dini nyelesaiake surat lamaran nang kertas folio iku Dini langsung meluncur nang kantor pos gawe ngirim surat lamaran pekerjaan e iku sesuai alamat sing ana nang iklan nang Koran iku.”Gusti,kula hambaMu.Kula kepingin banget diterima dadi sekertaris nang perusaan iku Gusti.”Dungane Dini sak durung e ngelebokno surat iku nang kotak surat kantor pos.
       Tiga hari sak wis e Dini ngirim surat pekerjaan iku.Dini oleh telpon tekan nomor sing gak dikenal.”Halo niki bu Dini?”omonge orang tak dikenal iku.”Sopo iki?raroh wong isek turu ye?Jawab e DIni.”Niki Danu manajer saking perusahaan karton sing panjengenengan lamar iku.”Jawab e Danu manajer perusahaan karton iku.”Nggeh,pak ngapunten nggeh.Niki wonten menapa?jawab e Dini.”Niki bu,panjenengan saget dipun terima,ananging kudu bayar.”jawab e Danu.”Bayar pak?piro pak bayar e?”takon e Dini.”Bayar e 600 ewu bu.”jawab e Danu.”Larang e ngunu pak.Niku 600 ewu digawe menapa pak?takon e Dini.”600 ewu niku digawe biaya akomodasine panjenengan,mangan,lan penginapan e panjenengan.”Jawab e Danu.”Nanging nang Koran boten wonten tulisan bayar e I pak?Takon e Dini.”Yen,panjenengan boetn purun boten napa-napa bu.Mengko kula wenehi wong liya sing wes daftar bu.”Jawab e danu.
       Dini bingung kudu golek duwek e.Awak e dewe kur duwe duwek 450 ewu lan tasih kurang 150 ewu.Dini golek duwek 50 ewu angel e rakaprah-kaprah.Mulai melu dadi korah korah nang rumah makan,buruh cuci nang panggon londryan,nganthi dadi tukan parkir karo joko nang supermarket.Dini ngelakokno profesi iku selama 1 minggu,nanging kur oleh upah 50 ewu.Duwek e Dini tasih kurang 100.DIni akhir e memutuskan gawe nyilih duwek nang Dina.”Din,iki aku Dini.”Dini karo ngetok omahe Dina.”Iyo Din lang mlebu ae,lawang e ra dikunci kok e.”Omonge Dina.”Aku rene abe njaluk tulung mbe we Din.”Dina ngomong karo rondok melas.”We abe nyilek duwek piro Din?Jawab e Dina.”Heheheheeh,we kok roh ae to Din yen aku abe nyilek duwek we.”Jawab e Dini.”Lha,kene kan wis konconan tekan bayi to nduk.mangkane aku yo roh lah Din.”Omonge Dina.’Aku abe nyilek 100ewu Din.”Omonge Dini.”Yowes,iki duwek 100 ewu”Jawab e Dina karo ngeyakno duwek 100ewu marang Dini.”Suwun banget yo Din”jawab e Dini.”Iyo,santai ae mbe aku.We wes tak anggep dulur dewe kok e.Muga-muga we oleh pekerjaan iku ya Din.”
       Sak wis e Dini nyilek Duwek nang Dina.Dini langsung telpon Danu sing manajer perusahaan karton iku.Dini wes telpon Danu 12x.lang sing ke 13x Puji Gusti diangkat.”Halo,niki Danu manajer perusahaan karton.Wonteng sing iso kula bantu?”Jawaban sing pertama kali sing dikeluarkan Danu.”Puji Gusti pak Danu.Niki kula Dini pak.”Jawab e Dini.”Wonten menapa bu Dini?”Takon e Danu.”Niki pak arta ne 600ewu sampun wonten.”Jawab e Dini.”oalah nggeh bu mengko kula sms nomor rekening”Jawab e Danu.”Nggeh pak matur nuwun.”Omonge Dini.Dini ngenteni terus sms tekan Danu.
       2jam ask wis e Dini oleh sms tekan tekan Danu sing isine “Niki nomor rekening e nggih Bu 08234678640 asmane DANU WIGULAR.Yen sampun panjenengan kirim mengko kula wenehi kode pesenan tiket sepur Bojonegoro-Surabaya.”,sakwis e iku Dini langsung budhal ATM gawe ngirim duwek 600ewu iku.Sak wis e bar ngirim duwek e Dini langsung Sms Danu “Pak sampun kula kirim nggih.”Isine sms Dini nang Danu.Pas jam 4 sore Dini oleh sms tekan Danu “Niki bu kode pesenan e C8DEF6H.Panjengengan budhal e jam 16.00 WIB.Masalah gaji mengko diatur nang kana nggih bu.”,jawab e Dini nang Danu “Nggih pak.Matur nuwun nggih pak” senajan budhal e Dini lusa nanging Dini wis nyiapake bawaan e dekne.Mulai tekan klambi,celana,daleman,shampoo,sabun bahkan barang-barang sing gak berguna kaya hanger.
       2 dina sak wis e jam 13.00 Dini wis budhal numpak ojek langganane,nanging Dini bayar e sok yen dekne wis dadi sekertaris nang perusahaan karton iku.Pas jam 3 sore Dini wis tekan  stasiun,lan jam 4 sore Dini numpak sepur jurusan Surabaya,nanging sak durung e Dini numpak sepur iku Dini nunjukno  kode pemesanan e dhisik.Perjalanan tekan Bojonegoro nganthi Surabaya iku ditempuh 3 jam lan selama 3 jam iku Dini turu pules.
       “Mbak,mbak niki wis tekan Surabaya”Wong pinggir e Dini nangino Dini.”Oh,nggeh pak matur nuwun.”Jawab e Dini.Dini medun tekan sepur karo klenga klengo soal e dekne raroh apa-apa.Nanging idep-idep ana sing marani Dini.”Niki bu Dini nggih?kula Danang supir e pak Danu.”Oalah nggih pak.”Jawab e Dini.”Niki bu,kita tasih ngenteni 4wong malih gawe barengan.”Omonge Danang.Luwih kurang sekitar setengah Dini lan Danang ngenteni 4wong iku.Sak wis e 4 wong iku teko rombongan iku langsung meluncur nang lokasi.”Jerene pepatahkan tak kenal maka tak sayang,lha sampeyan kabeh iki jeneng e sapa ae?Takon e Dini nang  4wong iku.”Kula Marta,kula ngelamar dadi  marketing.”Jawab e wong pertama.”Kula Ayu,kula ngelamar nang bidang produksi.”Jawab e wong ke loro.”Kula Awaw,kula ngelamar dadi bendahara.”Jawab e wong ke telu.”Kula marti,kula ngelamar dadi cleaning service.”Jawab e wong ke papat.”Lha sampeyan jeneng e sapa mbak?”Takon e Ayu nang Dini.”Kula jeneng e Dini,kula ngelamar dadi sekertaris.”Jawab e Dini.
       Sak tekan e rombongan iku nang penginapan.Rombongan iku langsung dijamu makan malam karo tim manajer e Danu.Sak wis e 2 dina nang Surabaya Dini ngerasa curiga soal e wis 2 dina Dini gak di kei kepastian pekerjaan tekan perusahaan iku.”Mar,awakmu gak curiga ta?”Takon e Dini nang Marta.”Lha apa curiga Din?Jawab e Marta.”Lha awak dewe  wis 2dina nang kene tapi gung oleh kepastian apa-apa i?Jawab e Dini.”Sisok paling wis oleh kepastian Din.”Jawab e Marta.
       Sorene Dini metu nang supermarket gawe tuku rahasiane wong wadon.Sak wis e tekan supermarket Dini langsung mulih nanging pas tekan omah pneginapan iku Dini gak temok omah penginapan iku.Dini wis liwat dalan e omah iku 3x nanging sing ditemokno malah sawah.”Paling aku kliru dalan”Omonge Dini nang jero ati.Pas iku Dini petuk karo wong.”Nyuwun sewu nggih bu.Panjenengan ngertos dalem e Danu?Takon e Dini.”Danu?nang kene gak enek wong sing jeneng e Danu mbak.”Jawab e ibu iku mau.”Paling sampeyan kena tipu setan mbak.”Saut e kancane ibu iku mau.”Kengeng tipu stean bu?Jawab e Dini karo sedeh.”Iyo mbak,wis akeh wong sing kena tipu setan.korban e dijanjeni dadi sekertaris terus dikon nyetor duwek 600ewu.”Jawab e ibu-ibu iku mau.”Dini isek gak ngandel yen ditipu karo setan.Dini mlayu moro omah penginapan palsu iku lang bengak-bengok nang kana kaya wong bento.lan akhir e dekne ngandel yen dekne ditipu setan.
       Pas wayah iku Dina sahabat e Dini nang Surabaya gawe urusan kerjaan.Pas Dini liwat jalan Tunjungan,Dina masi Dini compang camping nang trotoar.Tanpa pikir panjang Dina moro nang Dini lan langsung angkut Dini nang montor e Dina.Dini ngerti Dina,Dini langsung ngerangkul Dina lan cerita kabeh kejadian e iku.
       “Na,sepurane ya aku wis gak ngandel mbe we”Omong e Dini karo nangis.”Wes-wes rapopo Din.Penting we saiki wis slamet.’’Jawab e Dina.”Sepurane ya Na.Aku  ya gak iso bayar utang.” “Lah lah santai ae Din.”Jawab e Dina.Akhir e Dini mulih baraneg karo Dina.Semenjak iku Din iwis gak ngandel karo sing jeneng e iklan jitu sing gak jelas iku.Semenjak iku juga Dini melu mergawe Dina dadi sales.lan Dina saiki wis dadi manajer tenanan guduk kaya Danu sing manajer gaib.